Welcome To Tepus Somorejo Bagelen

Thursday, March 24, 2016

Lare Nggunung


Kulo niki lare nggunung
Adoh kutho, manggene ten kampung
Cedak alas cedak nggrumbul, gung liwang liwung
Dede margi nanging lurung

Slendang klambi, jarike kawung
Pak'e kuncung, mung blebetan sarung
Adoh ratu caket watu, sak gunung gunung
Kirang gaul alias srawung

Nadyan kulo lare nggunung
Ampun supe, ampun lali etung
Niat nulung nopo menthung, kulo wong bingung
Ra nduwe bapak, ra nduwe biyung

Ora udan ora mendung
Kok jamane, poro priyayi bingung
Biyen pripun kok ra dipetung
Trimah nasib, kulo lare nggunung