Welcome To Tepus Somorejo Bagelen

Friday, June 12, 2015

Sepenggal Cerita Masa Kecil Di Bulan Ramadhan



Yen nyritaake jaman mbiyen rikalane isih bocah cilik sing kiro-kiro generasi tahun 80 an nang pedukuhan Tepus desa Somorejo kecamatan Bagelen, wes pokoke isine gur seneng, pecicilan, nanging yo tetep ndalan ora nganti nakal sing kebablasen, kadang yen dieling-eling tekan seprene tingkah polahe jaman mbiyen marakke kudu ngguyu dhewe.

Jaman mbiyen barak'an konco sing angkatan 80 an, angger pas arep sasi poso ( bulan Ramadhan ) mesthi podho senenge, biasane kui upomo mbesuk wes awet poso, dino iki bar dhuhur mesthi podho nang mesjid dolanan bedug (nek bahasa Tepuse Teedur) nganti wektu ashar lebare kui terus podho adus nek pas menangi musim rendeng yo podho ciblon nang kedung, biasane nek ora nang kedung njumbleng yo nang solongan ngisor wonokerso.

Terus sakbanjure lebar wektu magrib podho teko nang Masjid, ono sing nang Langgar/surau podho nglakoni sholat traweh, sing dadi khase yen pas mlebu sasi poso yo kui pas pujian sakdurunge sholat Isya' berjamaah yo iku pujian sing inti maksude nyuwun pitulungan Saking Gusti Allah SWT, nyuwun Taubat.

Pujiane ngene iki
Allah-Allah kulo nyuwun ngapuro
Gusti Allah kulo nyuwun ngapuro 
Sekathahing dosa kulo, dosa agung kelawan ingkang alit
Mboten wonten ingkang saged ngapuro 2x
Sanesipun Gusti kang Maha Agung
Kang ngratoni sekathahing para ratu
Lha yoiku Allah Asmane, lha yoiku Gusti Allah Asmane
Kang kagungan sifat Rahman saha ingkang kagungan sifat Rahim
Astaghfirullahal' adzim 3x
Innallaha ghofururrohim

Mbasan wes sholat Isya' wes rampung terus sholat traweh berjamaah, jaman mbiyen sak konco barak'an angger pas sholat traweh kadang yo akeh sing aras-arasen padahal imame le ngimami wacanane cepet, tapi yo karang jenenge bocah angger durung muni " Aamiin " durung ngadek, umume nang pedukuhan Tepus rokaate 23 plus witir. Angger wes salam witir terakhir podho siap arep rebutan thuthuk bedug soale jaman mbiyen angger bar dungo teraweh terus moco sholawat terus ditabuhi karo suworo bedug koyo wong takbiran kae.

Ceritane yo ora gur ngono kui thok, bar traweh wes rampung numpuk buku Ramadhan diselehke dampar disuwunake tapak astane mbah Yai diteruske acara ndarus (tadarusan) simak-simak'an le moco Al qur'an gentian biasane angger lagi semangat sewengi iso entuk 5 juz. Tekan jam 24.00 liren bar iku dolanan bedug meneh tekan jam 01.00. Ono critan pas dolanan bedug le nabuhi ditembangke nyanyian ndolalak/angguk ndilalah mbah Yai krungu langsung sak anane bocah sing nang langgar di sneni kabeh aku nek kelingan yo ngguyu.

Biasane konco-konco bali nang ngomahe dhewe pas wektune jam sahur antarane jam 03.00-04.00 wib. Biasane podho turu nang langgar utowo masjid mengko ono sing gugahi. Mbareng wes sahur mbalik maneh nang langgar ngenteni Subuhan diteruske ngaji esuk, khas pujian sak durunge sholat Shubuh berjamaah,
Ayo sedulur
Ayo podho ndang tangio
Sholat shubuh berjamaah kang utomo
Mumpung isih lawang taubat iku mengo
Lamun den tutup bakal susah awak iro

Wes umume nek sasi poso nang pedukuhan Tepus jadwal ngaji anak-anak wektune bar Shubuh karo awan bar Dzuhur ketemu Ashar. Jaman mbiyen angger lebar ngaji esuk terus mlaku-mlaku karo dolanan " cetheerran " (sepuyer setrongking diisi obat rek jess ditutup nggo kertas coklate rek jes didelehi paku terus dithuthuke watu) munine " thaarrr ". Biasane mlakune tekan kerdu, krambilan. Kadang yo ono sing bar ngaji Shubuh terus "enjot-enjotan" nang wit sing ambruk nang lebuhe gone wong karo ngobrol ngalor ngidul opo wae diobrolne.

Pas tahun 90 an sasi poso akehe jadwal sekolah prei dadi wektu gawe dolanan akeh banget, angger wes rodo awan sethithik yo ono sing ngejak dolan nang menggeran penek'an wit-witan kan angin semilir dadine seger ora kroso ngelak.
kiro-kiro jam ngarekke wektu Dzuhur podho mangkat nang langgar ngaji awan, sing rodo aneh nggon iki, sing omahe cedhak langgar modele noto qur'an diselehke ngarep dhewe kadang sing omahe adoh wes pesen karo kancane sing cedhak kon noto qur'ane nomer sing nang ngarep opo nomer 2 utowo 3, aku kadang yo nggumun. Mbareng wes rampung le ngaji nang ngarep mbah yai terus ngapalne sedelok terus kluyur metu nang latar dolanan gobak sodor sambi nunggu wektu Ashar karo ngenteni rampung ngaji sing wes kelas kitab dhuwur.

Wayahe mulih ngaji biasane yo ndadak mampir nang gone sing nduwe tivi, maklum jaman rikolo semono wong sing nduwe tivi iso diitung. Kadang saking asyike nonton tivi terus lali bali ngomah ngerti-ngerti wes sore tekan ngomah damuk pisan mergo ora ewang-ewang gur dolan wae.

wayahe nunggu buko ngrungokne radio RSPD, angger wis swara sirine muni semengur tandane wektu buko/takjil. Jaman mbiyen angger bar pasaran mesthi ono menu dhawet legi ora nganggo es wong malah anget jaman mbiyen nandi arep golek es. Panganan buko sing ajek ono mesthi "klemet " (makanan dari singkong diparut dicampur gula dibungkus daun pisang lalu dikukus bentuknya mirip lontong).
Lebar buko dolanan meriam bambu nganggo karbit (bahasa Tepus'e long) ono sing gaweni mercon.

Yen sasi poso wes arep rampung wes meh udunan biasane njaluk melu nang pasar karo simbok'e, jejalukane yo macem-macem, ono sing njaluk ditumbaske sarung, peci, klambi, kathok dowo, nganti ono sing njaluk kembang api. Kadang pas wis tekan dinone Riyoyo pas sholat Ied klambine akeh sing podho sarunge opo meneh mergane sekabehane mau le tuku nang pasar Krendetan kabeh.
Umpomo dino sesuk wes udunan dino iki bar Dzuhur yo podho nang mesjid nabuh bedug (Tekdur) nganti tekan wektu Ashar mertandani yen dino sesuk wes udunan. Terus lebar Maghrib bar buko/takjil terakhir podho mangkat nang langgar podho takbiran karo nyumeti mercon, sos dorr,  ono sing mbayar fitrah karo mbah Yai. Pokoke naliko kui kabeh konco atine podho bungah podho seneng ngadepi dino riyoyo fitrah/udunan/lebaran/bodo/idul fitri.

Iki gur sebagian kumpulan cerito jaman mbiyen nalikane isih cilik rikolo wektu nglakoni aktivitas ono ing sak jeroning wulan Poso Romadhon, cerito sing sakbenere akeh banget upomo dicritakke kabeh butuh halaman akeh mulo iki gur sebagian cerito kanggo gawe pengeling-eling jaman mbiyen utowo bahasane saiki gawe nostalgia.

1 comment:

  1. Kebahagiaan masa kecil yang belum terkontaminasi oleh arus globalisasi dan sebuah kebahagiaan yang tak bisa tergantikan dengan sebuah nilai apapun.

    ReplyDelete