Welcome To Tepus Somorejo Bagelen

Tuesday, October 23, 2012

PENAMPINENG TEMANTEN

ASSALAMU'ALAIKUM WR.WB.

      Maturnuwun dumateng pranoto adicoro ingkang sampun kerso maringi wekdal dateng kulo, nuwun dumateng sagunging poro rawuh kakung soho putri, ugi poro sesepuh tuwin pinisepuh langkung - langkung dumateng bapak - bapak pangemban pangembating projo.
     Langkung rumiyin kulo muji syukur wonten ngerso dalem Allah SWT, dene - dene pepanggihan kulo lan panjenengan ing wekdal dinten meniko tansah pinaringan wilujeng rahayu. Sholawat soho salam mugi katur dhumateng junjungan nabi agung Muhammad SAW, ingkang kito antu - antu syafaatipun benjang wonten ing yaumul qiyamah, Amiin Allahumma Amiin....
     Bapak - bapak soho poro rawuh ingkang minulyo, perlu kawuningan bilih adek kulo ing mriki sak perlu minangkani pamundut kersanipun bapak .......... tiyang sak keluargo, langkung rumiyin bapak .......... tiyang sak keluwargo ngaturi sugeng rawuh dhumateng panjenengan sedoyo soho tamu utusan sak pengombyongipun, kejawi saking meniko kulo ingkang kajibah hanampi wujuding ponang temanten kakung kolo wau, sampun kulo tampi kanthi gembiraning manah, ugi kintunan salam ta'limipun saking panjenenganipun bapak .......... sampun kulo tampi kanthi renaning manah ugi kulo ikroraken kanthi WA'ALAIKUM SALAM WAROHMATULLAHI WABAROKATUH.
     Sak wangsulipun sederek duto, sak konduripun panjenengan sedoyo ing sak mangke, kerso'o hangaturaken sembah sungkemipun bapak ......... tiyang sak keluwargo mugi konjuk wonten ngersanipun bapak ....... tiyang sak keluwargo.
     Poro adi lenggah, kulo kinten cekap semanten ingkang dados atur kulo, mbok bilih wonten kirang langkung anggen kulo matur keparengo sagung poro rawuh ngluberno sih samudro pangaksami.

Minongko purnaning atur, BILLAHI TAUFIK WAL HIDAYAH, WASSALAMU'ALAIKUM WR.WB.
Wekdal soho panggenan kulo aturaken dhumateng pranoto adicoro, maturnuwun.....

Saturday, October 20, 2012

PASRAH PENGANTEN

ASSALAMU'ALAIKUM WR.WB.

 

     Nuwun, poro sesepuh ajisepuh ingkang satuhu pono ing pamawas soho lebdo ing pitutur, ingkang hanggung mastuti pepoyaning kautaman, ingkang dahat kinabekten, poro pangemban pangembating projo, bopo pangrekso deso miwah poro pamong ingkang satuhu sinudarsono, poro tamu kakung miwah putri ingkang satuhu pantes sinugatho ing pakurmatan.
     Lumintuning pudyastowo saking Gusti Ingkang Moho Agung, ambabar doyo pangaribowo ingkang cumandhuk dhumateng poro kawulo dasih kacihno pisowan kulo sakonco kepareng kajangkung dumugi ing papan mriki kanthi widodo nir ing sambikolo, ingkang meniko keparengo kulo atur pujo puji sesanthi : ALHAMDULILLAHIROBBIL'ALAMIN.
     Saklajengipun matur gunging panuwun dhumateng kadang pranoto acoro ingkang sampun paring palilah wekdal dateng kulo.
     Hanamung sakderengipun tuhu linepatno ing deduko miwah tinebihno ing saliring sesendhu dene kulo sampun kumawi cumanthoko lumarap matur wonten ngarso panjenengan sedoyo setemah anggempil kamardikan panjenengan anggenyo mawan sabdho. Nwun inggih lebet kulo nyendikoni dawuh pangandikonipun bp ......... ingkang supados hanyulihi matur wonten ing ngarso panjenengan sedoyo.
     Mirunggan katur panjenengan bp ......... miwah baroyo agung. Ingkang sepisan kulo kinen hangaturaken sembah sungkem katur poro pepundhen, pinisepuh myang sesepuh tuwin salam taklim katur panjenenganipun bp ......... miwah baroyo agung kanthi kulo ucapaken ASSALAMU'ALAIKUM WR.WB.
     Saklajengipun pisowan kulo sak kadang kinen hanglarapaken sowanipun penganten kakung, nwun inggih pun bagus ......... menawi sak awit panyuwun bp .......... mugi pun bagus ......... kadhaupaken kaliyan nimas ayu .......... putrinipn bp .........
     Ing ari kalenggahan puniko sampun kaleksanan kanthi upocoro ingkang sakalangkung edipeni, andadosaken bombonging manah bp ......... ingkang puniko namung saged ngaturaken gunging panuwun ingkang tan saged cinitro ing ukoro. Mugi lubering sih kadarman bp ........ puniko pikantuk'o lelintu ingkang satraju saking  Gusti Ingkang Moho Agung dhestum hanglangkungono.
     Hamung kewolo mugi andadosno kawuningan tuwin mboten andadosaken kuciwaning penggalih, awit dene pun bagus nadyan toto gelar katingal sampun dewoso pates amangun bale wismo, hananging yektosipun tasih cubluk ing samudoyonipun, unggah ungguh, toto krami nopo malih subo sito ing bebrayan tasih sanget kabodhon.
Ewo semanten panyuwun sakin bp ........ keparengo katampiyo pinongko putro pribadi, keparengo panjenenganipun bp ........ paring pitedah panggulowenthah murih saged netepi darmo utomo.
     Bp ......... ugi hamasrahaken penganten kakung dumateng kukubaning bebrayan ing mriki, tinampiyo dados warganing bebrayan, sahinggo pikantuk pambyantu, soho pangayoman samurwatipun. Mekaten ugi tansah pinarengono pitedah. Panyaruhe, hambok bilih wonten tindak tanduk ingkang nyebal saking pahugeraning gesang bebrayan.
     Ingkang puniko katur poro sesepuh pnisepuh kulo nyuwunaken tambahing pandonga pamuji mugi penganten sarimbit sagedto manggih kamulyan ing gesang bebrayanipun.
Ing wasono, cupet ceweting atur, kirang trapsilo miah subosito pisowan kulo sak kadang wonten pahargyan ingkang sakkalangkung edipeni puniko keparengo panjenenganipun bp ......... miwah baroyo agung angluberno sih samudro pangaksomo.

Pungkasing atur BILLAHI TAUFIK WAL HIDAYAH WASSALAMU'ALAIKUM WR.WB.