Welcome To Tepus Somorejo Bagelen

Tuesday, October 23, 2012

PENAMPINENG TEMANTEN

ASSALAMU'ALAIKUM WR.WB.

      Maturnuwun dumateng pranoto adicoro ingkang sampun kerso maringi wekdal dateng kulo, nuwun dumateng sagunging poro rawuh kakung soho putri, ugi poro sesepuh tuwin pinisepuh langkung - langkung dumateng bapak - bapak pangemban pangembating projo.
     Langkung rumiyin kulo muji syukur wonten ngerso dalem Allah SWT, dene - dene pepanggihan kulo lan panjenengan ing wekdal dinten meniko tansah pinaringan wilujeng rahayu. Sholawat soho salam mugi katur dhumateng junjungan nabi agung Muhammad SAW, ingkang kito antu - antu syafaatipun benjang wonten ing yaumul qiyamah, Amiin Allahumma Amiin....
     Bapak - bapak soho poro rawuh ingkang minulyo, perlu kawuningan bilih adek kulo ing mriki sak perlu minangkani pamundut kersanipun bapak .......... tiyang sak keluargo, langkung rumiyin bapak .......... tiyang sak keluwargo ngaturi sugeng rawuh dhumateng panjenengan sedoyo soho tamu utusan sak pengombyongipun, kejawi saking meniko kulo ingkang kajibah hanampi wujuding ponang temanten kakung kolo wau, sampun kulo tampi kanthi gembiraning manah, ugi kintunan salam ta'limipun saking panjenenganipun bapak .......... sampun kulo tampi kanthi renaning manah ugi kulo ikroraken kanthi WA'ALAIKUM SALAM WAROHMATULLAHI WABAROKATUH.
     Sak wangsulipun sederek duto, sak konduripun panjenengan sedoyo ing sak mangke, kerso'o hangaturaken sembah sungkemipun bapak ......... tiyang sak keluwargo mugi konjuk wonten ngersanipun bapak ....... tiyang sak keluwargo.
     Poro adi lenggah, kulo kinten cekap semanten ingkang dados atur kulo, mbok bilih wonten kirang langkung anggen kulo matur keparengo sagung poro rawuh ngluberno sih samudro pangaksami.

Minongko purnaning atur, BILLAHI TAUFIK WAL HIDAYAH, WASSALAMU'ALAIKUM WR.WB.
Wekdal soho panggenan kulo aturaken dhumateng pranoto adicoro, maturnuwun.....

No comments:

Post a Comment