Welcome To Tepus Somorejo Bagelen

Saturday, September 15, 2012

PAMBAGYO HARJO

ASSALAMU'ALAIKUM WR.WB 

Alkhamdulillahirobbil'alamin wabihinasta'inu 'ala umuridunnya wadin, washolawatu wassalamu 'ala asrofil ambiya'i walmursalin syayidina wa habibina wa syafi'ina waquroti a'yunina wa maulana Muhammadin wa 'ala alihi washohbihi ajma'in ama ba'du.


     *   Dumateng poro sesepuh, pinisepuh miwah ajisepuh ingkang satuhu kinabekten .....
     *   Dumateng poro pangemban pangembating projo ingkang tuhu pantes sinudarsono .....
     *   Sagung poro rawuh kakung sumawana putri ingkang sinugatha ing pakurmatan .....


     Lumintuning pudyastowo saking Gusti Ingkang Maha Asih, ambabar doyo pangaribowo ingkang cumandhuk dateng poro kawulo dasih, kacihno ing salebeting kalenggahan puniko kito waged pepanggihan ing panti pahargyan puniko kanthi wilujeng kalis ing sambikolo, pujo puji sesanthi sumonggo kito ikraraken kanthi waosan ...ALKHAMDULILLAHIROBBIL'ALAMIN ...
     Sholawat soho salam mugi katur wonten junjungan nabi agung Muhammad SAW ingkang kito antu-antu syafaatipun mbenjang wonten ing yaumul qiyamah...Allahumma Amiin...
Nuhoni pamundhuting bopo ......... ingkang ing wanci puniko hamengku gati netepi darmaning ngasepuh, amiwaha putro putrinipun ingkang sesilih nimas ayu ......... apolokromo kaliyan bagus ......... atmojo kakungipun bopo ......... ingkang pidalem ing .........
wondene ijab lan qobulipun sampun kaleksanan tabuh ...... kanthi widodo nir ing sambikolo.
     Kulo kadawuhan matur ing ngarso panjenengan sedoyo, njih awit bombong soho bembenging penggalihipun, panjenengan bopo ......... mboten kuwawi sowan matur ing ngarso panjenengan sedoyo ingkang wose badhe ngaturaken prentuling penggalihipun, pramilo kulo ingkang matur pinongko sesulihipun.
     Poro rawuh ingkang minulyo, sinartan sinukartaning panembrono kaparengo kulo ngaturaken sugeng basuki sakrawuh panjenengan sinartan agunging panuwun ingkang tanpo pepindan, dene-dene panjenengan sedoyo sampun kepareng paring idi pangestunipun dhumateng temanten kekalih.
panjenenganipun bopo ......... ugi ngaturake gunging panuwun dumateng panjenengan sedoyo ingkang sampun keparing paring tondo tresno miwah pambyantu ingkang awujud punopo kemawon, bahu suku, bondho beyo serto iguh pratikel, meniko sedoyo tuhu damel mongkok soho bombonging manah.
panggrantesing manah panjenenganipun bopo ........ sagotrah hamung nyuwun dumateng Gusti Ingkang Moho Agung, mugi lubering sih kadarman panjenengan sedoyo pikantuk'o lelintu ingkang satraju destum hanglangkungono.
     Poro rawuh ingkang minulyo, sakpuniko penganten kekalih sampun kulo sowanaken wonten ngarso panjenengan sedoyo, saperlu kulo suwunaken tambahing pangestu wilujeng mugi-mugi anggenipun jejodohan sakmangke sagedto atut runtun rerentengan lestari widodo mulyo ing suko rahayu.
ing wasono panjenenganipun bopo ......... ugi ngaturaken gunging pangaksomo tumrap sedoyo kekirangan ing panti pahargyan puniko, ceweting aruh pilenggahan serto pasugatan ingkang tan saged mangun suko renening penggalih panjenengan sedoyo keparengo sagung poro rawuh ngluberno sih samudro pangaksami.
     Pungkasing atur tan jangkeping trapsilo miwah subosito tumpang suh pangrakiting boso miwah ukoro anggen kulo matur wiwit purwo, madyo dumugi wasono kaparengo kulo tansah anyadhong rumentahing pangaksomo.

Akhirusalam WABILLAHITAUFIK WAL HIDAYAH WASSALAMU'ALAIKUM WR.WB.
wekdal soho panggenan kulo aturaken dhumateng pranoto adicoro, nuwun.....

Thursday, September 13, 2012

Atur Upacara Pengantin Adat Jawa Dipedukuhan Tepus

Mukadimah 
contoh atur - atur upacara penganten adat jawa ini hanya sekedar gambaran saja, apabila ada yang kurang berkenan atau kurang apik dalam penyusunan kalimat atau bahasa, mohon untuk dibetulkan biar susunan bahasanya menjadi indah dan enak untuk didengar ataupun dicerna oleh masyarakat jawa khususnya yang masih kental dengan tradisi upacara adat jawa.


 PRANOTO ADICORO



     
     Assalamu'alaikum wr.wb 

     Nuwun kulonuwun
     Poro sesepuh soho pinisepuh ingkang hanggung mastuti dating pepoyaning kautaman, poro pangemban pangembating projo ingkang kinaryo pangayomaning kawulo dasih.
Poro adi lenggah ingkang pantes ing tuhu sinukarto, sumonggo kito ngunjukaken puji syukur ing sahandap pepunden ing gusti ingkang hakaryo jagad, dene sampun kepareng hangluberaken kekiyatan soho kawilujengan, satemah, kito waget kempal manunggal ing panti pahargyan wanci meniko, kanti winantu ing suko basuki.
     Sholawat soho salam mugi katur dumateng junjungan nabi agung Muhammad SAW, ingkang kito antu-antu syafaatipun mbenjang ing yaumul qiyamah, Amin Allahumma Amin.........
Sak lajengipun, tuhu ing lepatno deduko, tinebihno ing salwiring sesendhu, dene kulo cumantoko lumarap atur, satemah hangirangi kamardikan panjenengan sedoyo, anggenyo nembe eco mawan sabdo.
     Sangyo adi lenggah ingkang minulyo ing budi, wondene reroncening adicoro ingkang badhe katur mekaten:
     * Titi laksono ingkang sepindah njih meniko pambagyo harjo
     * Kalajengaken adicoro kaping kalih, kumandanging wahyu suci Al qur'an
     * Adicoro kaping tigo njih meniko panyerahaning temanten
     * Dumawah penampineng temanten minongko titi laksono kaping sekawan
     * Hastungkoro ngancik adicoro kaping gangsal
     * Wondene panutuping acoro dumawah reroncening adicoro ingkang kaping enem

Mekaten menggah reroncening adicoro ingkang badhe hangrenggani wiwahan meniko ;
> Titilaksono ingkang ongko sepindah atur pambagyo harjo ingkang badhe katur lumantar juru wicoro, pramilo sumonggo dumateng pajenenganipun bp ..........pinongko sesulihipun, wekdal soho panggenan kulo aturaken
Mekaten atur pambagyo harjo saking juru wicaranipun shohibul hajat.
> Wondene adicoro ingkang ongko kalih njih meniko kumandanging wahyu suci Al qur'an, ingkang badhe katur bp .......... wekdal soho panggenan kulo aturaken.
> Ngancik adicoro ingkang tigo nwun inggih panyerahaning temanten, dumateng panjenenganipun duto saking bp .......... wekdal kulo atuaken
Mekaten atur panyerahaning temanten saking panjenenganipun duto pangarso ingkang sampun dipun aturaken kanthi toto, titis lan tatas pangandikanipun.
> Tumapa'ing adicoro ingkang ongko sekawan, panampining temanten, ingkang badhe katur panjenenganipun bp .......... sumonggo wekdal kulo aturaken .
Mekaten wau atur panampining temanten saking panjenenganipun bp ..........
> Hastungkoro katur panjenenganipun bp .......... nggempil reroncening adicoro ingkang kaping gangsal. Dumateng panjenenganipun bp .......... wekdal kulo aturaken, sumonggo.
Matur gunging panuwun dumateng panjenenganipun bp ......... ingkang sampun paring dedungo, mugi temanten kekaleh tansah pinaringan wilujeng kalis ing sambikolo lan saged atut runtut rerentengan dumugi kaken-kaken lan ninen-ninen kanthi lestari widodo, mulyo ing suko rahayu.
> Kanthi paripurnaning atur dedungo, kalajengaken adicoro ingkang pungkasan, nwun inggih panutup, ingkang sakmangke badhe kulo ayahi piyambak.
     Poro adilenggah ingkang dahat kinurmatan, kerono kabekto saking sanget bingahing manah bp ......... sagotrah, hanglenggono, bilih upocoro pahargyan ingkang edi meniko, taksih kathah kalepatanipun, satemah damel kucem kuciwaning manah, ingkang meniko, dumateng sagung poro rawuh langkung-langkung dumateng panjenenganipun bp ......... sagotrah, mugi kaparengo angluberno samudro pangaksomo.
     Mekaten ugi kulo pribadi ingkang tansah tinanggenah, kinaryo talanging atur bp ......... tyang sakluargo,soho poro kadang anggen leladi dumateng panjenengan sedoyo,kirang trapsilahipun, ingkang mboten saged anuju dumateng renaning penggalih poro rawuh sedoyo, pramilo kulo sakadang tansah anyadong rumentahing sih samudro pangaksami.
Minongko panutuping atur kaparengo kulo lengser saking ngarso panjenengan sedoyo.

Akhiru kalam ,wabillahitaufik wal hidayah wassalamu'alaikum wr.wb