Welcome To Tepus Somorejo Bagelen

Saturday, September 15, 2012

PAMBAGYO HARJO

ASSALAMU'ALAIKUM WR.WB 

Alkhamdulillahirobbil'alamin wabihinasta'inu 'ala umuridunnya wadin, washolawatu wassalamu 'ala asrofil ambiya'i walmursalin syayidina wa habibina wa syafi'ina waquroti a'yunina wa maulana Muhammadin wa 'ala alihi washohbihi ajma'in ama ba'du.


     *   Dumateng poro sesepuh, pinisepuh miwah ajisepuh ingkang satuhu kinabekten .....
     *   Dumateng poro pangemban pangembating projo ingkang tuhu pantes sinudarsono .....
     *   Sagung poro rawuh kakung sumawana putri ingkang sinugatha ing pakurmatan .....


     Lumintuning pudyastowo saking Gusti Ingkang Maha Asih, ambabar doyo pangaribowo ingkang cumandhuk dateng poro kawulo dasih, kacihno ing salebeting kalenggahan puniko kito waged pepanggihan ing panti pahargyan puniko kanthi wilujeng kalis ing sambikolo, pujo puji sesanthi sumonggo kito ikraraken kanthi waosan ...ALKHAMDULILLAHIROBBIL'ALAMIN ...
     Sholawat soho salam mugi katur wonten junjungan nabi agung Muhammad SAW ingkang kito antu-antu syafaatipun mbenjang wonten ing yaumul qiyamah...Allahumma Amiin...
Nuhoni pamundhuting bopo ......... ingkang ing wanci puniko hamengku gati netepi darmaning ngasepuh, amiwaha putro putrinipun ingkang sesilih nimas ayu ......... apolokromo kaliyan bagus ......... atmojo kakungipun bopo ......... ingkang pidalem ing .........
wondene ijab lan qobulipun sampun kaleksanan tabuh ...... kanthi widodo nir ing sambikolo.
     Kulo kadawuhan matur ing ngarso panjenengan sedoyo, njih awit bombong soho bembenging penggalihipun, panjenengan bopo ......... mboten kuwawi sowan matur ing ngarso panjenengan sedoyo ingkang wose badhe ngaturaken prentuling penggalihipun, pramilo kulo ingkang matur pinongko sesulihipun.
     Poro rawuh ingkang minulyo, sinartan sinukartaning panembrono kaparengo kulo ngaturaken sugeng basuki sakrawuh panjenengan sinartan agunging panuwun ingkang tanpo pepindan, dene-dene panjenengan sedoyo sampun kepareng paring idi pangestunipun dhumateng temanten kekalih.
panjenenganipun bopo ......... ugi ngaturake gunging panuwun dumateng panjenengan sedoyo ingkang sampun keparing paring tondo tresno miwah pambyantu ingkang awujud punopo kemawon, bahu suku, bondho beyo serto iguh pratikel, meniko sedoyo tuhu damel mongkok soho bombonging manah.
panggrantesing manah panjenenganipun bopo ........ sagotrah hamung nyuwun dumateng Gusti Ingkang Moho Agung, mugi lubering sih kadarman panjenengan sedoyo pikantuk'o lelintu ingkang satraju destum hanglangkungono.
     Poro rawuh ingkang minulyo, sakpuniko penganten kekalih sampun kulo sowanaken wonten ngarso panjenengan sedoyo, saperlu kulo suwunaken tambahing pangestu wilujeng mugi-mugi anggenipun jejodohan sakmangke sagedto atut runtun rerentengan lestari widodo mulyo ing suko rahayu.
ing wasono panjenenganipun bopo ......... ugi ngaturaken gunging pangaksomo tumrap sedoyo kekirangan ing panti pahargyan puniko, ceweting aruh pilenggahan serto pasugatan ingkang tan saged mangun suko renening penggalih panjenengan sedoyo keparengo sagung poro rawuh ngluberno sih samudro pangaksami.
     Pungkasing atur tan jangkeping trapsilo miwah subosito tumpang suh pangrakiting boso miwah ukoro anggen kulo matur wiwit purwo, madyo dumugi wasono kaparengo kulo tansah anyadhong rumentahing pangaksomo.

Akhirusalam WABILLAHITAUFIK WAL HIDAYAH WASSALAMU'ALAIKUM WR.WB.
wekdal soho panggenan kulo aturaken dhumateng pranoto adicoro, nuwun.....

No comments:

Post a Comment